Sabtu, 17 April 2010

Bobok Suruh Bodeh

Sabrank Suparno*

Emboh yok opo nalare, ora ono udan, ora ono angin, bledek koyok nyamber-nyamber ndukure omah. Padahal titimongso ketigo. Atine Sumini koyok diremet-remet lugute galéng campur uyah. Ora koyok-koyo’o uripe. Ibarate ndunyo kate kiamat. Srengengene mudun tambah mendek nduk nduwure ndas. Wit-witan podo kobong. Lemahe marong nyemomong abang mbranang. Howo kiwo tengene Sumini kroso panas. Sak ben tleraman kedipe moto dadi koyok munclak-munclak’e mowo. Ono paribasan, panase srengenge disonggo wong akeh, tapi panase ati disonggo dewe-dewe.

Wes sepuluh tahun suwene Sumini orep bebrayan karo Cak Sriono. Gak ono duso, gak ono perkoro. Pancene atine Sumini kadang rondok tratapan lek nyawang anak wedhok loro karone. Warti seng umur 9 tahun, ambek Saripah seng umur 7 tahun. Warti lan Saripah kaet cilik uripe lewung. Emboh salah opone. Gak dirumat dino becike, ta kurang jangkep uborampene. Kok sampek ngunu kedadeane. Barang wes kadung kate diapakno. Bubur gak bakal balek dadi sego. Kadung lahir rupo menungso mosok kate dibalekno nang guo garbane emakne. Senajan ngunu, atine Sumini jek tumeko. Tegel ngadepine. Dikapakno ae seng jenenge anak iku pancet daging getene wong tuo. Asale kroso enak, moro-moro dadi anak. Onok’e anak iku pancen asale olehe gawe yo enak.

Demit opo seng ngranjingi Sumini. Kok sampek koyok ngene iki kedadeane. Ono rong wulan iki Cak Sriono jarang moleh. Roso tresno lan welas asihe marang anak bojone asat saknaliko. Ora mili maneh teko pupuk punjere dodone Cak Sriono. Opo maneh duwek koyone nyambut gawe malah gak tau mampir ngusapi gembremete telapaan tangane Sumini. Mesti ae nggarakno jatae blonjo koter keteter-teter. Tanggung jawabe Cak Sriono molai luntur. Jawabane jek ono, tapi tanggungane kabur kawusanane. Cak Sriono yo wes gak tau nggatekno. Masio koncone seng jenenge Cak Pi’i gelek nyemoni. Jarene Cak Pi’i, “lek nang Jombang mampiro Sengon/ lemah geneng akeh wedhine/ lek gak sambang kirimo ingon/ lek gak seneng opo mestine.”

Mbok menowo mari nglangkai oyote mimang. Pikirane Cak Sriono melang-melung. Sewek kawung bedah pinggire, atine lewung owah pikire. Kahanan iki kepetong sakjeke Cak Sriono riwa-riwi nang Tangkés Kali Bengawan. Tangkés seng sak ben bengi dienggoni gembrumbul poro lonte, senuk, utowo ondolan. Jalaran ondolan, rupane Cak Sriono kesebet bokong semoke. Langganan rutine Cak Sriono seng jenenge Sablah senajan gak ayu tapi luweh semlohe tinimbang Sumini. Mesti ae irunge Cak Sriono seng pancene nyonyo két bujang mekrok maneh. Mblenger disuguhi lodeh, rupane Cak Sriono kepingin ngrasakno liyane. Ono seng rawon, soto, gule, lan kare. “Sri Sri, biyen ketok opo, sak iki ketok opo. Biyen seneng, sak iki ngendeng. Lek niate njajan nang warung, bungkuse buwak’en ae. Ojo digowo moleh. Lek mari mangan ajange balekno,” kandane Cak Pi’i.. Mutung cendek alias negesnoe Cak Pi’i nambahi, “Mosok uwong kok ngenteni dikandani, gak iso ngandani awake dewe ta!”

Gak nerimakno digremengi, Cak Sriono mulai mbukak cangkeme, ngobah ilate, “I, P’i, aku nduk omah iku gak tau digatekno. Mangan ta gorong, mole ta gak, pegel ta ora. Kathek bojoku lek tak jaluki, mesti sambatan pegel. Opo maneh rasane seje, turu lek ambek bojo iku rasane koyok ambek dulur dewe.” Senajan salah, rupane Cak Sriono tetep nduwe alasan mbelo awake dewe. Sepur ono stasiune, tapi omongane Cak Sriono nyecret koyok maling kuyuan. Luweh mandes maneh nduk pungkasane omongan. Mari ngomongno iku ketoke Cak Sriono lego. Omongane nggenah karo tolah-toleh lan dipungkasi ngguyu njekakak, “Lek ambek Sablah iku I, iso digawe model sembarang kalér. Lek Sumini, gak gelem.” Sawangane ndlolat-ndlolet, gak disongko Cak Sriono tibak’e doyan nggawe model. Cak Pi’i godek-godek. Tlapakane nebas dodo. Batine Cak Pi’i, bojo mosok digladrah. Gak wurungo lek bejat yo repot ndandakno. “Kebone tonggo iku mesti ketok luweh mrajak, timbang kebone dewe. Engkok lek wes nduk kebone tonggo, ganti kebone dewe mau seng ketok luweh ijo. Orep iku sawang sinawang. Podo karo klantheng iku, lho. Masio abang, ijo, kuning, rasane podo ae. Seng gulo e akeh bedho legine,” jlentreh Cak Pi’i.

Soyo suwe Cak Sriono soyo raket karo Sablah. Pancen tresno nggarakno kelet. Sablah gelek diendang-endeng liwat ngarepe Sumini. Nang endi ae Sablah kecandak kecangkeng. Malah kabare wes rong minggu iki Cak Sriono kawin siri karo Sablah.

Cak Sriono ngguya-ngguyu, cengengas-cengenges. Gak mek Sablah thok seng ditunggangi, tapi sepeda montore seng anyar yo ditumpak’i. Masalah nyicil kriditan sing ben wulan dipikir mburi. Jare panas-panase srengenge, tapi mbulane luweh panas mergo duwek anakan diterjang ae.

Asal-usule Cak Sriono cuma langganan biasa munggu e Sablah. Gak bedo langganan liyane. Seng duwike muprul ambek Sablah, digoyang diluk, rontok sak suwal-suwale. Goyangan seng ampang tanpo asmoro. Carane Sablah ngladeni pelanggan nganggo rumus: ono duwek ono rupo. Dikiro lek Cak Sriono duwike gamo, gak rugi lek Sablah sak ben wulan nganyarno jopomontro, supoyo Cak Sriono gak ocol nang wong wedhok liyo. Opo maneh lek mek mbéngungno pikirane Cak Sriono, Sablah karek ngucut kartu lentrek, diumet-umetno, didingkek sak njerone kecuk kenci lan babi.

Sablah kaet cilik uripe soro. Isuk sarapan, gorong mesti sore kemplokan sego. Mulane ora maidho. Sak jege ero rasane golek duwek dadi begenggek, Sablah gak kepalang tanggung. Gemrengseng kebutuhane. Umep munclak-munclak nduk mbun-mbunane. Ilate lemes gae nglumpuhno kolomongso. Lhawong lambe seng nisor ae gak iso njogo, opo maneh lambe seng nduwur. Kecepét nasib beketut tahun ndadekno Sablah gibras-gibras. Ojo sampek orep nduk ndunyo pisan iki, kepinginane gak keturutan. Tonggo iso tuku opo ae, munggu e Sablah kudu iso ngembari. Jalaran soko ngunu iku, Sablah jungkir-walik ngedol awake. Cak Sriono karo poro langganane mesti diperes dompete.

Roto-roto seng kenal Sablah akeh kepincute. Ngulese omongan alus koyok jolosutro. Sak ben korbane dicekoki ulekan bobok telung perkoro. Sepisan, dukune dimaekno. Kaping pindo lentrek diumetno. Lha terahire, awake yo disingsetno. Sasate sakbendino, Sablah ngracik ramuan terus diulek lembut. Ono seng rupo gambir, suruh bodeh, lan godong luntas, supoyo langanane bah sugih bah mlarat terus awe-awe. Kembang suruh nguwohe keneki mbuh gak ero, seng penting pokok e tuntas. Lha mergo bobok’e Sablah iki, wong koyok Cak Sriono, congkrah rumah tanggane.
----

Sabrank Suparno, penulis cerpen, cerkak, esai, dan puisi. Bergiat pula di Lincak Sastra Dowong. Beralamat di Dusun Dowong. Desa Plosokerep, Kecamatan Sumobito, Kabupaten Jombang. Email; sabrank_bre@yahoo.com
Hp: 081-359-913-627

Tidak ada komentar:

A Rodhi Murtadho A. Anzib A. Azis Masyhuri A. Mustofa Bisri A. Qorib Hidayatullah A. Riyadi Amar A. Yusrianto Elga A.H. J Khuzaini A.J. Susmana A.S Laksana Abd. Basid Abdul Azis Sukarno Abdul Hadi W.M. Abdul Kirno Tanda Abdul Wachid B.S Abdurrahman Wachid Abdurrahman Wahid Abimardha Kurniawan Abu Salman Acep Iwan Saidi Acep Zamzam Noor Achmad Sunjayadi Adek Alwi Adi Faridh Adian Husaini Adreas Anggit W. Adrizas Afrizal Malna Agama Para Bajingan Agni Rahadyanti Aguk Irawan M.N. Agus Aris Munandar Agus B. Harianto Agus Bing Agus Buchori Agus R. Sarjono Agus Sulton Agus Sunyoto AH J Khuzaini Ahda Imran Ahid Hidayat Ahmad Fanani Mosah Ahmad Fatoni Ahmad Hartanto Ahmad Kekal Hamdani Ahmad Muhli Junaidi Ahmad Naufel Ahmad Suhendra Ahmad Yulden Erwin Ahmad Zaini Ahmadun Yosi Herfanda Ahsanu Nadia Aini Aviena Violeta Airlangga Pribadi Ajip Rosidi Akbar Ananda Speedgo Akhmad Sekhu Akhmad Sofyan Hadi Akhmad Taufiq Akhudiat Akmal Nasery Basral Alam Terkembang Alang Khoiruddin Aldila Avrikartika Alfred Tuname Ali Audah Ali Soekardi Amien Wangsitalaja Andhi Setyo Wibowo Andi Andrianto Andong Buku #3 Andry Deblenk Angela Anggota FSL Anggraini Lubis Anindita S Thayf Anis Ceha Anjrah Lelono Broto Anton Bae Anton Kurnia Anton Kurniawan Anton Septian Anwar Nuris Any Rufaidah APSAS (Apresiasi Sastra) Arafat Nur Ari Saputra Ariany Isnamurti Arie Yani Arief Junianto Arifin Hakim Arim Kamandaka Arina Habaidillah Armada Riyanto CM Arman A.Z. Arswendo Atmowiloto Arti Bumi Intaran Arwan Arysio Santos AS Sumbawi Asarpin Asep Sambodja Atafras Atmakusumah Awalludin GD Mualif Aziz Abdul Gofar Babad Nuca Nepa Babe Derwan Badrut Tamam Bagus Takwin Bahrul Ulum A. Malik Balada Bale Aksara Bambang Kempling Bambang Kuncoro Bambang Satriya Bambang Sugiharto Bandung Mawardi Banyuwangi Bengawan Solo di Karanggeneng Beni Setia Benny Benke Bentara Budaya Yogyakarta Berita Berita Duka Berita Koran Berthold Damshauser Binhad Nurrohmat Biografi Blambangan kuno Bonari Nabonenar Brunel University London Budaya Budi Darma Budi P Hatees Budiawan Dwi Santoso Bujang Tan Domang Bung Tomo Capres dan Cawapres 2019 Catatan Cerbung Cerkak Cerpen Chairil Anwar Chamim Kohari Chavchay Syaifullah CNN Indonesia D. Dudu AR D. Zawawi Imron Dahlan Kong Damanhuri Damhuri Muhammad Dami N. Toda Damiri Mahmud Daniel Paranamesa Danilo Kis Danuji Ahmad Darju Prasetya Darmanto Jatman David ZA Dea Anugrah Dedi Pramono Deni Jazuli Denny Mizhar Desiana Medya A.L Dewan Kesenian Lamongan (DKL) Dian Diana A.V. Sasa Didin Tulus Dinas Perpustakaan Daerah Lamongan Diskusi buku Djibril Muhammad Djoko Pitono Djoko Saryono Djulianto Susantio Dody Yan Masfa Dom Dinis Donny Syofyan Dorothea Rosa Herliany Dwi Arjanto Dwi Cipta Dwi Fitria Dwi Kartika Rahayu Dwi Pranoto Dwi S. Wibowo Dwidjo U. Maksum Edeng Syamsul Ma’arif Edi Purwanto Edith Koesoemawiria EH Ismail Eidi Krina Jason Sembiring Eka Budianta Eka Fendri Putra Eka Kurniawan Eko Endarmoko Eko Nuryono Elin Yunita Kristanti Ellyn Novellin Elnisya Mahendra Em Syuhada’ Emha Ainun Nadjib Eny Rose Eriyanti Esai Evan Ys Evieta Fadjar F Rahardi Fahrudin Nasrulloh Faisal Kamandobat Fakhrudin Aris Fanani Rahman Fariz al-Nizar Faruk Fatah Anshori Fatah Yasin Noor Fauzan Al-Anzhari Fazabinal Alim Felix K Nesi Ferdiansyah Thajib Festival Sastra Gresik Festival Teater Religi Forum Santri Nasional Forum Sastra Lamongan Furqon Lapoa Galuh Tulus Utama Ganug Nugroho Adi Gde Artawan Gede Mugi Raharja Gerakan Surah Buku (GSB) Gerson Poyk Gito Waluyo Goenawan Mohamad Gola Gong Grathia Pitaloka Gugun El-Guyanie Gunoto Saparie Gus Ahmad Syauqi Ma'ruf Amin Gus Dur H.B. Jassin Haaretz Hadi Napster Halim HD Hamberan Syahbana Hamdy Salad Hamzah Fansuri Haris del Hakim Haris Saputra Harri Ash Shiddiqie Harry Susilo Hartono Harimurti Hasan Junus Hasnan Bachtiar Hawe Setiawan Henri Nurcahyo Hepi Andi Bastoni Heri CS Heri Latief Heri Listianto Heri Santoso Hermien Y. Kleden Hernadi Tanzil Herry Lamongan Heru CN Heru Joni Putra Hikmat Gumelar Hilmi Abedillah Hudan Hidayat I Made Prabaswara I Nyoman Darma Putra I Nyoman Suaka Ibnu Rusydi Ibnu Wahyudi IGK Tribana Ignas Kleden Ignatius Yunanto Imam Muhayat Imam Nawawi Imamuddin SA Iman Budhi Santosa Indra J. Piliang Indra Tjahjadi Indra Tranggono IPNU Kabupaten Lamongan 1955 Isbedy Stiawan Z.S. Iskandar Noe Iwan Kurniawan Iwank Jadid Al Farisy Jafar Fakhrurozi Jalan Raya Simo Sungelebak Jamal D Rahman Jamaluddin Mohammad Jamrin Abubakar Jauhari Zailani Javed Paul Syatha Jean Couteau Jiero Cafe Jihan Fauziah JJ. Kusni Jo Batara Surya Joao Ruiz De Castelo Branco Johan Khoirul Zaman John Halmahera John Sinartha Wolo Joko Budhiarto Joko Pinurbo Joko Sandur Joko Widodo Jual Buku Jual Buku Paket Hemat Jurnalisme Sastrawi Jusuf AN K.H. Anwar Manshur K.H. Ma'ruf Amin Karanggeneng Kasnadi Katrin Bandel Kemah Budaya Panturan (KBP) Khoshshol Fairuz Ki Ompong Sudarsono Kingkin Puput Kinanti Kirana Kejora Komplek Gor Kamantren Paciran Lamongan Komunitas Deo Gratias Komunitas Penulis Katolik Deo Gratias Komunitas Perupa Lamongan Komunitas Sastra Ilalang Indonesia (KSII) KOSTELA Kritik Sastra Kukuh S Wibowo Kukuh Yudha Karnanta Kurnia EF L. Ridwan Muljosudarmo Laksmi Sitoresmi Lamongan Lamongan 1916 Larung Sastra Lathifa Akmaliyah Leila S. Chudori Leo Tolstoy Lina Kelana Linda Christanty Liza Wahyuninto Loe Lan Ing Lukisan Rengga AP Lukman Santoso Az Lutfi Rakhmawati Lynglieastrid Isabellita Lysander Kemp M Anta Kusuma M. Aan Mansyur M. Harir Muzakki M. Latief M. Lubabun Ni’am Asshibbamal S. M. Lukluk Atsmara Anjaina M. Lutfi M. Raudah Jambak M. Yoesoef M.D. Atmaja Mahamuda Mahendra Cipta Mahmud Jauhari Ali Majelis Sastra Asia Tenggara Makalah Tinjauan Ilmiah Mala M.S Malam Apresiasi Seni Tanahmerah Ponorogo Maman S. Mahayana Manneke Budiman Mardi Luhung Margita Widiyatmaka Marhalim Zaini Mario F. Lawi Marsi Ragaleka Martin Aleida Martin Lings Masdharmadji Mashuri Mathori A Elwa Matroni Muserang Membongkar Mitos Kesusastraan Indonesia MG. Sungatno Mh Zaelani Tammaka Misbahus Surur Mochtar Lubis Mohammad Eri Irawan Muafiqul Khalid MD Mudjia Rahardjo Muh Syaifullah Muhajir Arifin Muhamad Rifai Muhammad Al-Fayyadl Muhammad Alimudin Muhammad Aris Muhammad Muhibbuddin Muhammad Rain Muhammad Taufiqurrohman Muhammad Wava Al-Hasani Muhammad Yamin Muhammad Yasir Muhammad Zuriat Fadil Muhammadun A.S Mujtahid Mujtahidin Billah Mulyadi SA Mulyosari Banyuurip Ujungpangkah Gresik Musfi Efrizal Muslim Kasim Musyafak Nadhi Kiara Zifen Nafi’ah Al-Ma’rab Nailunni’am Naqib Najah Naskah Teater Nasrullah Thaleb Nawa Tunggal Nevatuhella Nezar Patria Nina Mussolini-Hansson Nirwan Ahmad Arsuka Nirwan Dewanto Nitis Sahpeni Nizar Qabbani Noor H. Dee Noval Jubbek Novel Nunung Nurdiah Nurel Javissyarqi Nurjanah Nurul Anam Nurul Hadi Koclok Nurul Komariyah Nuryana Asmaudi Obrolan Octavio Paz Olivia Kristina Sinaga Orasi Budaya Akhir Tahun 2018 Pablo Neruda Pagelaran Musim Tandur Pawang Surya Kencana PC. Lesbumi NU Babat PDS H.B. Jassin PDS HB Jassin Pesantren Tebuireng Petrus Nandi Philipus Parera Pipiet Senja Plato Pramoedya Ananta Toer Pratono Pringadi AS Priyatna Abdurrasyid Prof Dr Faisal Ismail MA Prosa Puisi Puji Santosa Pusat Dokumentasi Sastra H.B. Jassin Pustaka Ilalang PUstaka puJAngga Putu Fajar Arcana Putu Wijaya R Toto Sugiharto Radhar Panca Dahana Rahmat Sularso Nh Raihul Fadjri Raja Ali Haji Rakai Lukman Rakhmat Giryadi Ramadhan Batubara Ranang Aji SP Ratnaning Asih Ratno Fadillah Raudal Tanjung Banua Raudlotul Immaroh Redland Movie Reiny Dwinanda Rengga AP Resensi Reuni Mts Putra-Putri Simo Sungelebak 1991-1992 Rheza Ardiansyah Riadi Ngasiran Ribut Wijoto Ridwan Munawwar Galuh Riki Dhamparan Putra Riki Utomi Rinto Andriono Riris K. Toha-Sarumpaet Risang Anom Pujayanto Riyadhus Shalihin Riyon Fidwar Robin Al Kautsar Rodli TL Rojiful Mamduh Romi Zarman Rosihan Anwar Roso Titi Sarkoro Rudy Polycarpus Rumah Budaya Pantura (RBP) Rx King Motor S Yoga S. Jai S.W. Teofani Sabine Mueller Sabrank Suparno Sahaya Santayana Saifur Rohman Sainul Hermawan Sajak Salamet Wahedi Samin Samsudin Adlawi Sanggar Pasir Sanggar Rumah Ilalang Sapardi Djoko Damono Saparinah Sadli Sartika Dian Nuraini Sarworo Sp Satmoko Budi Santoso Satriani Satriwan Satyagraha Hoerip Saut Situmorang Sayyid Fahmi Alathas Sejarah SelaSastra #24 di Boenga Ketjil Jombang SelaSastra Boenga Ketjil Seno Gumira Ajidarma Seno Joko Suyono Septi Sutrisna Sergi Sutanto Setia Naka Andrian Shinta Maharani Shiny.ane el’poesya Sigit Susanto Sihar Ramses Simatupang Sita Planasari A Siti Khoeriyah Siti Muyassarotul Hafidzoh Siti Sa’adah Sitor Situmorang Siwi Dwi Saputro Siwi Tri Puji B Sjifa Amori Sofian Dwi Sofyan RH. Zaid Solihin Solo Exhibition Rengga AP Soni Farid Maulana Sony Prasetyotomo Sri Wintala Achmad Sri Wulan Rujiati Mulyadi St Sularto Stefanus P. Elu Suci Ayu Latifah Sudartomo Macaryus Sugiarta Sriwibawa Sugiarto Sujatmiko Sunaryono Basuki Ks Sungatno Sunlie Thomas Alexander Sunu Wasono Suripto SH Surya Lesmana Suryadi Suryanto Sastroatmodjo Susianna Sutamat Arybowo Sutardji Calzoum Bachri Sutejo Syamsudin Walad Syi'ir Sylvianita Widyawati Syu'bah Asa TanahmeraH ArtSpace Tarmuzie Taufiq Ismail Taufiq Wr. Hidayat Teguh Setiawan Teguh Winarsho AS Temu Penyair Timur Jawa Tengsoe Tjahjono Th Sumartana Thales Theo Uheng Koban Uer Timur Budi Raja Titik Alva-Alvi Choiriyah Tjahjono EP Tjahjono Widarmanto To Take Delight Toko Buku Murah PUstaka puJAngga Lamongan Tomas Transtroemer Tosa Poetra Toto Gutomo TS Pinang Tu-ngang Iskandar Udo Z. Karzi Ulil Abshar-Abdalla Umar Fauzi Ballah Umar Kayam Umbu Landu Paranggi Universitas Indonesia Universitas Jember Usman Arrumy Uwell's King Shop Uwell's Setiawan Viddy AD Daery Virdika Rizky Utama W. Haryanto W.S. Rendra Wahyu Awaludin Warih Wisatsana Waskiti G Sasongko Wawan Eko Yulianto Wawancara Wemmy Alfadhli Wicaksono Widya Oktaviani Wina Bojonegoro Wingko Legendaris dari Babat-Lamongan Wisnu T Hanggoro Wowok Hesti Prabowo Y Alprianti Y. Wibowo Yani Arifin Sholikin Yanto Musthofa Yasraf Amir Piliang Yayat R. Cipasang Yohanes Padmo Adi Nugroho Yohanes Sehandi Yok’s Slice Priyo Yoks Kalachakra Yona Primadesi Yoram Kaniuk Yunit Permadi Yusi A. Pareanom Yusri Fajar Yuval Noah Harari Yuyun Ifa Naliah Zaim Rofiqi Zainal Arifin Thoha Zaki Zubaidi Zawawi Se Zehan Zareez Zen Rachmat Sugito